Love Your Neighbor·5 of 5

Invitation to Know Jesus Personally

A narrator gives an invitation to know God personally. The invitation is open to everyone. It means turning to God and trusting Jesus with our lives and to forgive our sins. We can speak to Him in prayer when we're ready to become followers of Jesus.

Ask yours

Bible Quotes

Share
Free Resources

Want to understand the Bible more deeply?

Join our Bible study

Transcript

Javanese (ꦧꦱꦗꦮ)
Ono ing kitab suci Allah ngendiko, yen Almasih bakal rawuh pinongko juru slameting donya. Lelakon uripe Isa bukti yèn panjenengané iku salah sak wijining wong kang diwartaaké poro nabi. Nabi Yesaya mènèhi weruh menowo ono kenyo kang bakal ngandhut lan nglairaké jabang bayi. Pirang-pirang abad sak wisé Isa lahir mujudake opo sing wis diramalke sak durungé. Kitab suci nyatakaké menowo sing dilairké kanthi suci iku bakal kasebut putraning Allah. Iku tegesé Isa bakal kasebut putro Allah ing sak jroning pangertèn rohani. Kito kabeh nyekseni kasunyatan iki liwat lelakon uripé Isa. Isa nyarasaké wong lara. Ngapurane sakabehe dosa lan njanjèkaké sak wijining panggonan ono ing kraton dalem Allah kang langgeng. Isa nyerahaké ragane pinongko panebuse dosa lan wungu soko sedo. Kabeh mau wis jumbuh karo rencanane Allah. Isa ngandiko, sopo wae ora bakal ono sing biso njupuk uripku soko aku. Aku menehake miturut karepku déwé. Lelakon uripe isa ora mung nggenepi tulisane poro nabi, nanging ugo neguhaké yèn firman Allah iku suci. Poro nabi nyatakake firman dalem Gusti iku sampurno. Firman panjenengane langgeng duh Gusti. Isa déwé ngendiko, langit lan bumi bakal sirno, nanging sing tak ucapake ora bakal sirno. Isa rawuh saperlu maringi urip kang kaluberan. Nanging naliko manungso ora nggugu kersané Allah ing taman Eden, iku ateges manungso milih dalané déwé, lan tumindak iku misahake manungso karo sing nitahake. Miturut kitab suci, kabeh manungso wis tumindak dosa. lan opahé dosa yo iku pati. Yo iku mati kanthi coro rohani ateges pisah soko Allah salawasé Nanging koyo dene Allah nyediakaké wedus lanang kanggo ngganti anake Abraham, semono ugo panjenengané ngirim Isa sang almasih sédo kanggo kito. Urip sédo lan wungune, mulihaké hubungané antarané Allah karo sak kabehing manungso, kang percoyo marang panjenengane. Saiki sopo waé sing nderek Isa ora mung diapuro dosané, nanging ugo kaslametake soko ukuman Allah kang langgeng. Kabeh manungso kajamin mlebu swargo lan manggon karo panjenengané salawasé. Yo urip iki sarto bébase manungso soko kesalahan, lan dosa kang ditawaraké Isa marang sakabèhé wong saiki ugo. Tawaran iki ora ateges nganut sak wijining agomo, nanging milih lan percoyo marang Isa sing ngendiko. Aku ngadeg ing ngarep lawang lan ndodog.. yen ono wong sing krungu suworoku banjur mbukakaké, aku arep mlebu lan nemoni deweke. Iku tegesé mbalik marang Allah lan percoyo, yen Isa bakal lumebu ing sak jroning urip kito, ngapurané dosa-dosa lan ndadekake kito pribadi kang dikersaaké. Kanggo mangertèni Isa ora mung cukup nganggo akal utowo emosi. Kito nompo Isa adedasar kasih kurnia lewat pengandel lan kekarepan. Naliko manungso sumadyo dadi pendhèrèké Isa Almasih, Mulo kabèh banjur iso matur marang panjenengané sarono donga sing sederhana. Saiki mungkin poro sedulur wis sumadyo miwiti urip ing ngarsané Allah. Yen pancen mengkono tirokno donga iki ing sak jroning atimu. Gusti, kawulo mbetahaken panjenengan. Matur nuwun panjenengan sampun kerso sedo ing kayu salib, kangge nebus dosa-dosa kawulo. Kawulo ngaken lan mratobat saking dosa-dosa kawulo. Kanti salebeting manah, kawulo nampi panjenengan dados jurus slamet lan Gusti kawulo. Matur nuwun panjenengan sampun kerso ngapunten dosa-dosa kawulo, lan maringi gesang langgeng. Dadosno kawulo pribadi miturut kerso panjenengan. Naliko kawulo dados panderek panjenengan. Amin. Isa ngendiko marang pendereke.. domba-dombaku ngrungokake swara-ku, aku ngenal sakabèhé lan sakabehe melu aku. Kanggo urip kang kalubèran koyo sing dijanjèkaké Isa, mula saben dino poro pandèrèké matur marang Allah sarono donga lan moco firmane. Kabeh podo nyritakake bab Allah marang wong liyo, banjur dadi sedulur ambek kabeh wong kang ngasihi lan ndèrèk panjenengané. Tansah elingo tumrap janjine kan endah marang aku wis diparingake sakabèhé kuwoso ing swargo lan bumi, ngertiyo aku tansah nunggil karo kowé kabèh nganti tumekaning akhir jaman.
JesusFilm